IKRAR KELUARGA BESAR ANGGOTA

YAYASANPATRAP SENOPATI KOTA GEDHE

 

Bismillahirrahmaanirrahiim

Yaa Allah ingkang angrumat jaghat, ingkang amurba amisesa alam,

ingkang amaringi gesang,

Kawula sedaya anggota YAYASAN PATRAP SENOPATI KOTAGEDE

Ing papan punika kawula sumpah, kanthi lebet hing manah kawula,

Kanthi nyuwun pangapunten, saha nyuwun panguwasanipun Gusti Allah,

Kangge hanebihi, hanyingkiri laku tumindak ingkang awon,

Laku tumindak ingkang lepat, laku tumindak ingkang adamel rugining sesami agesang,

Adamel awonipun sesami agesang,

Ingsun sejati, sejati ingsung kang angliputi,

badhe angupaya adamel pepadhaning agesang,

Lan gawe eling agesang, saha badhe atetulung mring sesami,

Wujud ingsun, wadag ingsun, obah molah musek ingsun, rasa ingsun, urip ingsun,

sejati ingsun pribadi, pribadine ingsun sejati arsa ngedohi tumindak kang ora bener,

Ya ingsun kang angliputi ing kiblat papat, dadi ratuning kiblat,

Lenggah hing tengah jaghat, ingsung ingkang anglenggahaken bebener,

kang pinaringan kuwasanipun Gusti Allah.

Dados daya lan kekiyatan, kagem anyirnaaken kaluputan ing pribadi ingsun,

Kanthi nindaaken ingkang sampun dipun dhawuhaken Gusti Allah lan ambiyantu sedherek lan sesami agesang ingkang ambetahaken pitulungan

kanthi ikhlas hing manah.Aamiin yaa robbal ‘alamiin

Yogyakarta, 30 Juli 2022 / 1 Muharam 1444 H